Jumat, 20 Mei 2016

contoh-contoh tembang macapat



PUCUNG
PURNANING SENJA
Cipt : Ris Shima
Banu lekas maya ndayani andaru
Gana malih jingga
Jumantara malih langking
Nanging eandahe purnama ngumbar harsa
Artinya :
Sinar matahari mulai remang-remang, memberi kesempatan bintang untuk bersinar
Awan menjadi jingga
Langit menjadi gelap
Namun indahnya purnama mengungkapkan kebahagiaan


DHANDANG GULA

AJA NGRUSAK BUMI KANG ASRI
Cipt : Ris Shima
Wilising arga ngademke ati
Semilir prahara ngena wreksa
Godhonge ngawe-ngawe
Nyebabke wong wulangun
Menika bumi kang respati
Mula aja di brashta
Mrih tetep subur
Mrih ora ana ludira
Sebab yen basundara iki ngemasi
Bakal teka cilaka
Artinya :
Hijaunya gunung menenangkan hati
Semilir angin menerpa pohon
Daunnya melambai-lambai
Membuat seseorang merindukannya
Itu semua adalah bumi yang indah
Maka dari itu jangan dirusak
Agar tetap subur
Supaya tidak ada  darah (korban)
Karena jika bumi ini mati
Akan datang mara bahaya
SINOM
TRESNA SETYA
Cipt : Ris Shima
Kembang kang ana ing taman
Ngilingke trisna kang inggil
Marang kang adoh ing kana
Mung bisa pethuk ing ngimpi
Najan adoh ing eksi
Ananging tetep ing kalbu
Tresnaku tetep padha
Najan sliramu ra bali
Tresnaku ra bakal nir teka palastra 
Artinya :
Bunga yang ada di taman
Mengingatkan kasih sayang yang tinggi
Kepada seseorang yang jauh disana
Hanya bisa bertemu dalam mimpi
Meskipun jauh dimata
Namun tetap dihati
Cintaku tetap sama (seperti dulu)
Walaupun engkau tiada kembali
Cintaku tak kan hilang hingga mati


PANGKUR
AMURKANING BUMI
Cipt. Ris Shima
Yen buwana banjur di brashta
Janaloka nesu cintra ing ati
Byen iju saiki layu
Bebaya dyan leksana
Dahana nesu ora bisa dikahyun
Urip tanpa harsaya
Mung ana getun ing mburi
Artinya :
Jika bumi ini sudah dirusak
Dunia murka, susah di hati
Yang dulunya hijau sekarang layu
Bahaya akan terjadi
Api marah tak dapat diharapkan
Hidup tanpa kebahagiaan
Hanya ada penyesalan.


ASMARANDANA
BEKTI BAKAL MBUAHI
Cipt : Ris Shima
Sunu kang Mbudi pakerti
Ngabekti mring kang kuwasa
Ora lali kwajibane
Upajiwa lumaksana
Sira dyan urip trushta
Nanging aja lali syukur
Dyan diangkat drajat sira
Artinya :
Anak yang berbudi pekerti
Berbakti kepada yang Maha Kuasa
Tidak lupa akan kewajibannya
Rizqi akan mengikutinya
Kau kan hidup dalam kebahagiaan
Namun jangan lupa tuk bersyukur
Maka kan diangkat derajatmu